TEKS PRANAATA ADICARA
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ, اَلَّذِى
بِتَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ جَعَّلَنَا مِنَ الْمُتَعَلِّمِيْنَ
وَالْمُعَلِّمِيْنَ , اَلَّذِى بِتَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ جَعَّلَنَا مِنَ
الْمُطِيْعِيْنَ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُ وَلِرَسُوْلِهِ الْكَرِيْمِ
وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْأَوَّلِيْنَ
وَالْأَخِرِيْنَ ,أمّا بعد .
Nuwun sagunging
kinurmatan katur dumateng poro alim ulama’ ingkang rinten dalu tansah sumanding
kitab suci wahyuning Ilahi, minongko panuntun kiblating panembah ingkang satuhu
luhuring budi.
Dumateng
Kiayi H. Rohadi Agus Salim ingkang tansah kito tenggo-tenggo menggah
punopo ingkang dados atur fatwa utawi mauidzoh ipun.
Dumateng poro
pepunden, poro sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti , dumateng pepayaning
kautaman ingkang pantes pimundi.
Dumateng poro
pangemban pangembatingting projo, satrianing nagari minongko dados pandam
pandoming poro kawulo dasih ingkang kinasih.
Minangkani purwakaning atur, Sumonggo tansah kulo
Derek aken ngaturaken pujo-puji syukur wonten ngerso dalem Alloh SWT ingkang
moho kuoso ,kerono sih wiloso mewah barokah ingkang rumentah dating panjenengan
sedoyo dalasan kulo, katitik ing kalodangan meniko kito sedoyo saged makempal,
manunggal, saperlu midangetaken pengaosan.......
Rahayuning widodo soho tambahing rubo keselametan mugiyo tansah katur
kunjuk wonten junjungan kito , Nabi Muhammad SAW . Panjenenganipun salah
setunggaling prio agung, mustikaning bawono ingkang dados cundakaning Gusti ingkang
akaryo luko kangge amilujengaken poro jalmo ,awit saking marco podo atumuju
syurgo luko,soho salah setunggaling Nabi ingkang mbeto agami ingkang hak,
ingkang leres soho ingkang paring syafaat dumateng umat ipun mbenjang ing
dinten Qiyamat. Ing pangestu soho pandongo ,mugi-mugi kito sedoyo tansah
katetapan dados umat ipun soho pikantuk syafa’at saking nabi Agung Muhammad SAW
Amiin.
Poro rawuh, Keparingo kulo matur soho ngempil kamardikan panjenengan
rikalonipun saweg sakeco imbal wacono atur pangandikan, bilih ing mriki kulo
kumowaton lenggah wonten ing ngarso panjenengan ,mboten ateges ngilangi toto
trapsilo,ananging kulo ing ngriki ingkang nampi ayahan pinercoyo saking sedoyo
konco-konco kinen dereaken menggah runtuting adicoro ingkang lumampah wonten
wedal puniko.Mboten namung pambagyo sugeng rawuh awit rawuh panjenengan sedoyo,
soho hanyekecaaken lenggahipun kalayan nenggo titi adicoro kawiwitan.
Sak dereng ipun adicoro
kalampah, langkung
prayuginipun kulo waos aken menggah reronceneng adicoro ingkang bade lumampah
wonten kalodangan meniko.
1. Pambuko
2. Waosanb suci kita
Al-qur’an
3. Atur pambagyo
4. Mau’idhoh kasanah
5. DOA
6. Panutup
Mekaten kolowahu menggah rantamaning adicoro ingkang bade lumampah wonten ing
dalu meniko.
Pramilo sumonggo acoro ingkang ongko
setunggal kito bikak sesarengan kanti washilah surat Al Fatihah.
Mugi-mugi hadicoro ingkang badhe kito lampahi mangke purwo madyo usono mboten
wonten setunggalipun alangan punopo-punopo. Amin 3x Yarobbal ‘alamin.
لرضاء الله ولشفاعة رسول الله . الفاتحة
...
Ndungkap lumampahing titi laksono
menggah runtuting acoro
ingkang ongko kalih inggih meniko waosan pustoko suci Al-quran, ingkang bade dipun waosaken dining sederek
kulo......sasono wicoro kasumonggo
Lumebet adicoro ingkang ongko tigo inggih meniko
pamagyoharjo
Dumateng panjenenganipun kawulo
aturaken matur sembah nuwun.
Lumebet adicoro ingkang ongko sekawan
inggih meniko adicoro ingkang kito tenggo-tenggo, inggih puniko muidhoh hasanah
ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun almukarrom bapak Kiayi H.
Rohadi Agus Salim Dumateng panjenenganipun bapak Kiayi H. Rohadi Agus Salim
wekdal soho panggenan kawulo aturaken. (petugas mauidhoh maju )
Kawulo
soho sedanten panitia / shohibul bait ngaturaken matur sembah nuwun dumateng
almukarrom bapak Kiayi H. Rohadi Agus Salim ingkang sampun kerso maringi
mauidhoh hasanah wonten ing dalu puniko, mugi-mugi ingkang sampun dipun
aturaken kolowahu mbeto pinten-pinten hikmah manfa’at barokah dunyo soho
akhirot.
Ndungkap lumampahing titi
laksono menggah runtuting
adicoro ingkang ongko enem inggih puniko do’a pamungkas .Wondene wonten wedal
meniko kulo suwun aken barokah doa nipun deneng panjenenganipun Almukarrom Bopo
KH. Anas Syafi’i Dumateng panjenenganipu nwekdal soho
panggenan kanti sahandaping raos dipun sumanggaaken ...
Poro
rawuh sedoyo ,bilih pawiyahan wonten ing wekdal meniko angsal berkah rahmatipun
Alloh SWT. Tuwin pijo-puji astuti saking poro rawuh sedoyo sampun kalampah
wilujeng nirboyo nir sambikolo,kanti meniko kito tutup sesarengan kanti waosan
tahmid biqouli :الحمد لله رب
العالمين
Nuwun poro rawuh sami saperlu nguntapaken kunduripun poro rawuh sedoyo soho
ngaturaken gunging panuwun ingkang mawantu-wantu kanti hasesanti pujo-piji,
mugi-mugiporo rawuh tansah suko rahayu ,yuwono, waluyo ingkang pinanggiho
.Amiiin
Saking kawulo sampun anggadahi katah kasar saruning rembak soho kirang trap
silahing atur ,kulo nyuwun agunging pangaksomo wusono kulo pungkasi…
و السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
Tidak ada komentar:
Posting Komentar